Senin, 14 Maret 2016

Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2

A. Wenehana tandha ping ana ing  aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan kang bener.

1. Gunung kang gundhul iku nyebabke ?
    a. longsor                           b. kobongan
    c. gunung mbledhos            d. kacilakan

2. Bencana kang dumadi jalaran ?
   a. ora ana udan                   b. kewan galak
   c. udan ora terang-terang    d. manungsa ora bisa njaga lingkungan

3. Kucingku wis manak. Wulune alus-alus. Anak kucing jenenge................
    a. cemeng                          b. chindil
    c. piyik                              d. pedhet

4. Tukang nggawe barang saka wesi diarani...................
    a. blantik                           b. pandhe
    c. kusir                              d. kusir

5. Dhokter iku gaweane.........
    a. nglakokake wayang       b. ngracik obat
    c. ngrawat wong loro         d. nambani wong lara

6. Kembang tebu iku arane...........
    a. besenge                         b. mayang
    c. gleges                            d. menik

7. Yen ora mlebu jalarane lara utawa ana kepentingan becike nggawe.............
    a. layang ulem                   b. layang pamit
    c. layang kabar                 d. layang iber-iber

8. Aku...................embah menyang Sragen. Ukara kasebut jangkepe sing bener
    a. tilik                               b. rawuh
    c. sowan                          d. dolan

9. Tukang nggawe barang-barang saka kayu aranane.........................
    a. undhagi                         b. kundhi
    c. pandhe                         d. arsitek

10. Ing Tawangmangu hawane krasa adhem. Adhem kosok baline..........
     a. anget                            b. sumuk
     c. panas                           d. nggreges


B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk

1. Nenandur ing pegunungan kang gundhul iku diarane..................................
2. Wong sing gaweane negori wit-witan ing alas arane..................................
3. Isi pelem arane.......................
4. Yen bengi kene peteng dhedet, nanging yen awan padhang..........................
5. Pak guru wis teka, basa kramane yaiku......................................................
6. Wong kan nabuh gamelan arane.......................................
7. Isi sawo arane........................
8. Nakoda iku gaweane nglakokake.............................
9. Ahli ngrancang bangunan aranane..........................
10. Tukang nglakokake sepur jenenge.....................